Ratusan Petani nang Tegal Pada Demo, Nuntut Masalah Banyu karo Rega Pupuk

Atusan petani Kecamatan Pagerbarang lan sekitaré sing kegabung neng Forum Masyarakat Peduli Desa (Formaddes) nglakokna demo karo nggawa 4 tuntutan nang ngarep Kantor Bupati Tegal, dina Slasa (20/06/2023) awan.

Massa nglakokna orasi karo nggawa 4 tuntutan yakuwé kekait sodetan irigasi, pembiayaan ulu-ulu metung Dana Desa (DD), kartu tani lan dhuwuré rega pupuk. Katon pengawalan puluhan petugas Polres Tegal lan Satpol PP nang lawang gerbang Kantor Bupati Tegal sing ketutup rapet.

Ana pirang wong perwakilan Formaddes njaluk audiensi secara langsung lan ditampa Bupati Tegal bareng karo perwakilan seka Perwakilan Dinas Pengelola Sumber Daya Air (PSDA) Provinsi Jateng, Bidang Pengairan DPU Kab Tegal, Dinas Ketahanan Pangan lan perwakilan Pupuk Indonesia neng njero ruang rapat Bupati Gedung A Setda Tegal.

Neng awal audiensi kiyé, Bupati Tegal Umi Azizah mékena jaminan keseriusané wayah nganyomi masarakat. Ana pirang hal kekait tuntutan Formaddes dhéwéké nugasna maring Kepala OPD kekait nggo ngurangi permasalahané. “Persoalan pertanian saiki lagi diadepna karo ancaleman perubahan iklim, nang pirang titik kekait karo kebutuhan banyu dadi anceman sing temenanan. Termasuk kualitas lahan sing molai ora apik merga karena dampak penggunaan pupuk kimia sing wis suwé,” jaré Umi Azizah.

Umi uga nyoroti kekait penebangan pohon keras sing ngakibatna sumber banyu tambah ngurang. Saliyané kuwé uga penduduk sing tambah akéh. Pemréntah jaré Umi jorjoran sesuai karo kemampuané seka pemréntah pusat tekan provinsi tekan daerah. Harapané mengko ana solusi jangka pendek lan jangka panjang.

Koordinator Formaddes, Susmono wektu ditemoni PanturaPost sawisé nglakokna audiensi njelasna 4 tuntutan sing wis disampékna maring Bupati.

Solusi Terkait Harga Pupuk Mahal

“Kekait masalah banyu, dhéwék ngenténi pengantar seka Bupati Tegal, soalé sodetan kuwé penting nemen nggo masarakat Pagerbarang sing amba areané 2.110 hektar saiki garing. Dinas PSDA pan nglengkapi dokumen sing dibutuhna,” jelasé.

Pembiayaan Ulu-ulu jaré Susmono, pan diusulna metung Musrenbang metung Dana Desa (DD) soalé selama kiyé ora dibayar lan wis tetaunan ora olihna tunjangan.

“Alhamdulillah mau wis ana solusi, sing durung nduwé kartu tani cukup karo KTP utawa SPPT sing penting kedaftar neng E-RDKK lan alokasi pupuk,” ungkapé.

Kekait karo rega pupuk, Susmono ngungkapna, rega pupuk subsidi ésih Rp 125.500 per kantong. Sedengé nang Kecamatan Warureja, regané Rp 280.000 per kantong. Bédané rega kiyé menuruté gara-gara ana sing dolanan.

“Nyong wis mékena data nggo nindak pengecer lan distributor, angger perlu diputusna tok lan cabut iziné, soalé distributor mungut biaya, sing kuduné dadi perangko penjual kiyé dadi perangko pembeli,” ungkapé Susmono.

Jaré Susmono, masalah kiyé bertentangan karo Peraturan Menteri Pertanian No 10 Tahun 2022. Dadi menuruté, sing berhak nentukna rega kuwé Menteri Perekonomian, Menteri Keuangan, Menteri Pertanian lan Menteri BUMN.

“Nang kéné pengecer karo paguyubané wani mundhakna rega pupuk, sing kuduné 112.500 dadi Rp 125.000 per kantong lan NPK sing kuduné 115.000 dadi Rp 135.000,” pungkasé.

Sementara kuwé, Rustam petani seka Desa Srengseng, Kecamatan Pagerbarang maring wartawan ngeluhna angélé banyu nang wilayahé. Angélé wektu nyedot banyu karo bensin kuwé larang, dadi dhéwék nganggo gas. Itungané nggo 1/4 hektar karo nganggo bensin diperlukna 5 liter tapi angger karo gas mung butuh 1 tabung gas nggo sedina tapi resikoné wedi mbledug,” tuturé.

Saliyané saluran pengairan Rustam uga ngeluhna rega pupuk sing larang. “Harapané nyong petani bisa sukses, lancar pengairané lan pupuké murah, kadang péngin tandurané subur lan akhiré rega pira baé dhéwék tuku,” jaréné. Untuk membaca informasi menarik lainnya anda bisa Visit bppp-tegal.